Malem minggu Cah...
-Jaman mbribik nek chatting ditutup kalimat, "Love You".
Nek wes pacaran ora jarang ber-ending kalimat, "Asssshh mbuh sakkarepmu!"
Nek wes pacaran ora jarang ber-ending kalimat, "Asssshh mbuh sakkarepmu!"
-Jaman mbribik, “Kok siang bgt bangunnya? Kecapekan ya?”.
Nek wes pacaran, “Tangi awan kok langganan, aleman!”
Nek wes pacaran, “Tangi awan kok langganan, aleman!”
-Jaman mbribik, "Makasih yah selalu ngingetin aku"
Mbasan wes dipacari, "Rasah dibolan-baleni, aku ki wes ngerti!".
Mbasan wes dipacari, "Rasah dibolan-baleni, aku ki wes ngerti!".
-Misale pacaran kui ibarat nggembok atine bocahe, yo percumah nek endinge mung njuk didudah karo liyane
-Sing bendino disanding we kesetiaane iso ngglinding,
opo meneh sing do LDR lan mung paitan chatting
opo meneh sing do LDR lan mung paitan chatting
-LDR kui ibarat mbonceng motor karo turu..
nek le cekelan mrucut yo jelas mung ngglimpang atimu...
nek le cekelan mrucut yo jelas mung ngglimpang atimu...
-Ha ngopo ngingu pacar nek endinge mung ra wani nglamar???
keseriusan kok mung sesumbar!
keseriusan kok mung sesumbar!
-Misale balen kui ibarat renovasi.. yo percumah nek konstruksi ora dikuati...
Mending sisan relokasi mbangane ambrol bola-bali...
Mending sisan relokasi mbangane ambrol bola-bali...
-Seko ngendi kowe iso membaca isi hatinya?
kowe lak yo ra ngerti to nek jebul sing dipikir dekne ki mung kowe lg klamben opo ora...
kowe lak yo ra ngerti to nek jebul sing dipikir dekne ki mung kowe lg klamben opo ora...
-Apalke konco cedakmu sing pasang avatar karo pacare.
Begitu fotone diganti dewean, kowe lungo wae ndak mung dijak curhat bab pegate
Begitu fotone diganti dewean, kowe lungo wae ndak mung dijak curhat bab pegate
-Pas dibribik kowe dijanjeni, pas wes dipacari kowe diblenjani...
-Jane ra setuju ning ra wani mbantah... Kui rung mesti mergo ngalah..
ning iso wae mung mergo pacarmu wedi ndak ra entuk jatah ..
Pacar cen sok ngono kui...
ning iso wae mung mergo pacarmu wedi ndak ra entuk jatah ..
Pacar cen sok ngono kui...
-Jaman pacaran klambine kembaran, pas pegatan pisuhane sing kembar